Oleh : Fendrias Alamsyah

AssalamuAlaikum Wr.Wb
Alhamdulillah, mamuji ingsun dumateng ngarsa ne gusti Allah inggih meniko jagad tan keno kinoyo kanthi kraos ning sawijining pengalih. Sholawat kalian salam mugi atur pinuwun tetep ing ngatase kanjeng Nabi Muhammad saw.
Sumebar ing jagad kanthi pingangget jimat ripeh kang aran jimat kalimasodo lan den kawuningani sabda kang adi linihung “Asy hadu Ala ilaha illallah, wa asy hadu ana muhammadun rasulullah”. Mugi tansah pangiring sabda kumantil sukma lan pengalih siro.
Ing ndalem kawitane sawiji, madu ukara ing pungkasan serat meniko mertela aken “Agomo”. Utawi agama iku “Ageming Aji”, ingkang pinuduh siro manungso saking pertingkah olo maring pertingkah becik. Mulane utawi agomo minongko manjinge iman ing ndalem pengalih iku tondo yen siro manungso percoyo anane sang hyang jagad kang aran Gusti Allah. Panembahan sinuwun maring siro manungso, mboten saget pingaring karsa madya tanpo pingaring karsane Gusti Allah. Mulane wontene Agomo pinados jimat e siro manungso ing ndalem alam ndunyo supados saget agem pinten-pintene aji sakderenge ngadep maring Gusti Allah ing ndalem alam akhirot.
Punjere Agomo niku ibadah. Madu sarining ibadah yoiku sholat. Warna ne Sholat wonten kaleh pinten-pinten bagian, nggeh meniko sholat tanpo waton lan sholat tanpo piranti. Kaping kawitan Sholat tanpo waton yoiku sholat kang dilampahi tanpo gerakan, ateges sholat batin. Utawi Sholat Batin iki iku dzikir kang kumantil ing ndalem pengalih kanthi rino wengi tansah kelingan ing ngatase adidaya lan prapto ning Gusti Allah. Pindungane ingsung Muga tetep ing ngatase sinuwun panembahan bau reksa kang karsa paring rahmat ing ndalem pengalih supados saget langgeng anane sholat tanpo waton nggeh meniko dzikir maring Gusti Allah. Kaping kapindo Sholat tanpa piranti, yoiku sholat limo waktu kang tumurun dumateng pinten-pinten muslim kang dados gada ne muslim. Ing ndalem islam sholat tanpo piranti kang aran “Sholat fardlu”, nggeh meniko sholat kang dilampai pinten-pinten muslim amergi kebau reksa ne Gusti Allah. Utawi kebau reksa ne Gusti Allah iku sambodo adirupo kang kawicoronepun agem ing aji “Agomo”.
Semanten ugi pertela ajeg sawijining ukaran babar Agomo. Mugi rahmat lan welas asih e Gusti Allah tetep kanugrahan ing ngatase kito.
WassalamuAlaikum Wr.wb
0 Komentar